Selasa, 21 Februari 2012

Cerita Jagal Abilawa

Jagal Abilawa
Jagal Abilawa yaiku jeneng samaran sing digunakake Bima nalika dheweke karo sedulur-sedulure, para Pandhawa liyane, lan Dewi Drupadi ndelik ing Kerajaan Wirata. Iki kedadean sakwise para Pandawa rampung nglakoni wektu pembuangan neng alas 12 tahun, amarga kalah judi karo Kurawa. Wonten ing Perjanjian sing disepakati karo Pandhawa lan Kurawa, sakwise wektu pembuangan Pandawa kudu ndelik lan membo nganti setahun. Menawa salah siji antara Pandawa isoh ditemani lan dikenali membone karo Kurawa, dheweke kudu nglakoni hukuman pembuangan ing alas 12 tahun maneh. Bratasena lan sedulur-sedulure Pandhawa njaluk pengayoman ing negeri Wirata, kalih membo lan sujud karo raja Wirata. Wonten ing negeri Wirata wektu iku lagi ana perang tandhing sing dianakke karo putra raja sing jenenge Raden Rajamala.
Raden Utara lan Wratsangka njaluk jago karo Prabu Amarta. Prabu Mangsahpati nyeluk Raden Utara lan Wratsangka, nakoke ngapa Patih Kencakarupa lan Rupapenca ora teka ngadep dheweke. Raden Utara wangsulan: “ Paman Patih ora teka amarga lagi ngadakke pertandingan adu jago, jagoane yaiku Paman Rajamala. Aku wis melu tarung ping akeh, tapi kalah terus. Aku ngeroyok sepuluh wong, Rajamala isih tetep seger. Wis akeh duit sing entek ana ing adu jago iki”.
Prabu Mangsahpati ngomong, “ kowe ngroyok karo satus wong si Rajamala ora arep kalah amarga mereka kui dudu tandhingane.  Coba tekok Wijakangka ing Ketadan, apa wonge nduwe jago sing apik. “Raden Utaka banjur nyembah lan mangkat ing Ketadan karo Wratsangka.
Sakwise ketemu Wijakangka, Raden Utara lan Wratsangka ngomong maksude dheweke teka ing kene. Wijakangka gelem golekke jago nganggo nglawan Rajamala yaiku si Jagal Abilawa. Cah telu mau banjur lunga ing Penjagalan goleki Jagal Abilawa tapi wektu iku  si Jagal Abilawa lagi turu.  Wijakangka, Raden Utara, lan Wratsangka coba nangekke Jagal Abilawa, tapi tetep wae dheweke ora nglilir. Akhire wulu sikile dicabut dadi gawe Abilawa tangi lan nesu-nesu lan arep nangkap Wijakangka banjur pingin mbanting, namun banjur Wijakangka ngingetake menawa dheweke iku yaiku kakange, Abilawa ora sido nesu.
Raden Utara banjur nerangke maksud kedatangane dheweke njaluk Jagal Abilawa supaya dadi jago kanggo nglawan Rajamala. Abilawa nyanggupi banjur lunga ing Kepatihan kanggo tarung karo Rajamala. Pertandingane cepet banget Rajamala isoh dipateni karo Kukupancanaka, tapi sakwise iku Rajamala dilebokake ing njero dheweke seger maneh. Hal iki dilakoke nganti si Jagal Abilawa enthek tenagane.
Kendi Wratnala(Harjuna) nonton paertarungane Jagal Abilawa karo Rajamala. dheweke ngira yen kakange Abilawa ora arep menang lawan Rajamala. Dheweke banjur kelingan karo Panah Bramastra sing diwenehi saka Dewa Brama. Kendi Wratnala banjur ngekon Punakawan kanggo nglebokke panah iku ing panggone Rajamala diadusi, tapi kolam kuwi dijaga ketat karo prajurit. Punakawan nggolek akal, Punakawan dadi wong dodol sega, para prajurit sing jaga kolam iku kerasa ngeleh, banjur tuku segane para punakawan. Lurah Semar ngomong karo prajurit menawa dheweke arep ngombe ing kolam kuwi, prajurit mengizinkan. Lurah Semar banjur nglebokke Panah Bramastra mau ing kolam.
Wonten ing pertarungan, Abilawa lawan Rajamala akhire Rajamala mati. Dheweke dilebokke ing njero kolam, tapi Rajamala ora bangkit malah awake dadi kaku lan remuk. Kencakarupa nonton hal kuwi nesu tenan banjur nangkap prajurit sing jaga kolam maul an nyerang Jagal Abilawa. Banjur ana perang maneh yaiku Jagal Abilawa karo Kencaka, tapi Wijakangka nyeluk adike saka adoh supaya ndang mlayu amarga patih iku diibarataken kaya raja. Abilawa mlayu mlebu ing njero pasar nyampur karo wong sing akeh banjur ngilang. Patih Kencakarupa ora gelem lungguh banjur dheweke diceluk Mbok Werdaningsih sebagai utusan saka Dewi Utari, putri Kedaton.
Mbok Werdaningsih pamit mulih amarga wis ditunggu karo Dewi Utari. Patih Kencaka kesengsem karo Mbok Werdaningsih, dheweke banjur lali karo Jagal Abilawa. Sakwise iku, dheweke mulih banjur nulis surat neng Dewi Utari sing isine Patih Kencaka pingin njaluk Mbok Werdiningsih. Dewi Utari wis ngizinke banjur ngakon Mbok Werdiningsih teka ing Keptihan nemui Patih Kencakarupa karo nggawa oleh-oleh yaiku klambi gaweane Dewi Utari. Mbok Werdiningsih mlebu ing njero kepatihan banjur dheweke dikunci saka njero . Mbok Werdiningsih wedi banjur teka Patih Kencakarupa sing arep nyentuh, tapi Mbok Werdiningsih mlayu ing Ketandan  njaluk pengayoman ing Wijakangka. Mbok Werdiningsih dikon Wijakangka njaluk pangayoman ing Jagal Abilawa ing Penjagalan.
Ora let suwe, Patih Kencakarupa teka ing Ketandan  lan ngobrak-abrik panggon kuwi nggoleki Mbok Werdiningsih, dheweke nesu amarga ora nemukake. Wijakangka menehi ngerti menawa Mbok Werdiningsih mlayu ing Penjagalan. Patih Kencakarupa sing isih kesal ora isoh nemukake Mbok Werdiningsih malah ngakon Wijakangka ngeculke gelung kelinge kanggo tanda raja karo gelung tkuk tapi Wijakangka ora gelem. Patih Kencakarupa nesu lan akhire motong gelung keling Wijakangka sing nyebabke Wijakangka pingsan.
Sawise sadar dheweke nyuwun ngapura lan ngoyak Mbok Werdiningsih ing Penjagalan. Saktekane ing Pejagalan dheweke ketemu karo Jagal Abilawa. Banjur ana perang tandhing Jagal Abilawa karo Patih Kencakarupa. Akhire Patih Kencakarupa mati  banjur jasade dibuang ing awan banjur njiglok ing ngarepe Prabu Mangsahpati. Sang Prabu nyeluk saudarane Patih Kencakarupa yaiku Rupakenca mbahas sapa sing mateni Rajamala lan Kencakarupa. Banjur dingerteni menawi sing nyebabake matine  Patih Kencakarupa yaiku Mbok Werdaningsih.
Banjur Mbok Werdiningsih ditangkep lan digawa ing alun-alun kanggo njalani hukuman mati obong. Tapi sadurunge api menyentuh Mbok Werdaningsih, Batara Narada midhun njikuk Mbok Werdaningsih.  Jagal Abilawa krungu tentang hukuman Mbok Werdaningsih bela pati banjur nangkap Rupakenca sing lagi nggendong mayate kakange yaiku Kencakarupa banjur ditankep karo Jagal Abilawa lan dilebokke ing njero geni sing mbulat-mbulat. Akhire Rupakenca mati. Prajurit raksasa ing Kepatihan ra trima banjur nyerbu Jagal Abilawa. Kedadian perang Sampak. Tapi kabeh prajurit Kepatihan kalah.
Prabu Mangsahpati akhire ngumpulake Utara lan Wratsengka kanggo nyeluk Wijakangka lan Jagal Abilawa amarga dheweke ngerti menawi dheweke isih putu-putune. Kanggo putu-putune iku, Prabu Mangsahpati berkata , “Renea, hai putu-putuku. Soal matine Rajamala, Kencaka lan Rupakenca nyat wis dadi kehendakipun Dewa. Amarga  mereka ora nduwe tandhingan ing perang Bharatayudha. Dadi saiki dheweke dijipuk karo Jawata. Kowe, Wijakangka, tak menehi alas ing Amarta. Dadikna kuwi kerajaan. Abilawa tak menehi alas ing Ngagulpawenang lan Kendi Wratnala tak menehi alas ing Madiganda. Kowe kabeh bali nganggo jenengmu sing mbiyen.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar